APSARINING PAMULANGAN

APSARINING PAMULANGAN

Dening : Rofi’ah

 

Esuk kuwi..

Nalika aruna sumunar ing sisih wetan

Soroting gumebyar madhangi sukma

Sinartan laku kairing peksi kang padha kiteran

 

Laku kang tumandang..

Tan gati marang sakehing pepalang

Mratandhani rasa kang kebak kekarepan

Nora saderma dhiri ngluruh panguripan

Nanging kanggo mulyaning para sekabat

 

Lembaran kayu putih kang jejeg sendhaplang

Ngancani tur njangkepi sekabehing panjlentrehan

Tan lena, amrih bisa njajag karsa

Mahyang kebak kawicaksanan

Gumregut, tan luruh jiwa raga

 

Dhuh Gusti..

Pangrasaning ati iki kempel banjur buyar

Kaya gegodhongan kang mabur lelimengan

Kaya sarining kembang suket kang sumebar

Apa kang kudu daktindakake,

Amrih dadi usada laraning apsariku iki?

Mung pandongaku kang tansah anjalari

Mugya mulya salamiya.

 

Sby, 25/10/2020